Posts

Showing posts from January, 2020

Tugas Dongeng

Dumadine Sendang Biru dening: Duri Handoyo Iman Teguh Hadi Waluyo Kocap kacarita ana sawijining dina, ana putri naga kang njelma dadi manungsa amarga s ang putri naga duwe kepenginan bisa kapundhut garwa dening manungsa. Mula matur marang bapane supaya bisa malihake wujude dadi manungsa.  "Bapa, punapa saged wujud kula punika dipun dadosaken wujud manungsa?" ature putri naga marang ramane. "Bisa, ndhuk anakku. Ananging kanggo apa? Pitakone ramane. "Kula punika gadhah pangajeng-ajeng supados saged kapundhut garwa dening manungsa. Menawi manungsa sumerap wujud kula menika mestinipun ajrih" ature maneh."Mila saking punika kula nyuwun supados wujud kula menika saged malih dados manungsa". "Yen, kaya mangkono kekarepanmu, kowe kudu laku tapa brata sepuluh purnama suwene ana ing segara kidul. Sasuwene kowe laku tapa brata, kowe ora kena mangan lan obah. Apa kowe sanggup? pitakone ramane maneh. "Inggih, Bapa. Kula sagah nglampahi tapa brat...

Tugas Geguritan

Image
Mangsa Rendheng dening: Duri Handoyo Iman Teguh Hadi Waluyo wayah silih gumanti ana rina lan uga wengi ana ketiga tiniba ing rendheng saben dina  langit kang biru katutupan mega klawu angin samirana kang liwat nggawa rasa adhem anggawe mripat abot kanggo melek yen banyu udan wus tiba ing bumi, wit-witan lan samubarang teles kebes banyu udan sing luber ngebaki dalan, sawah, lan kali-kali, uga bengawan