Tugas Geguritan

Mangsa Rendheng
dening: Duri Handoyo Iman Teguh Hadi Waluyo

wayah silih gumanti
ana rina lan uga wengi
ana ketiga tiniba ing rendheng

saben dina  langit kang biru katutupan mega klawu
angin samirana kang liwat nggawa rasa adhem
anggawe mripat abot kanggo melek

yen banyu udan wus tiba ing bumi,
wit-witan lan samubarang teles kebes
banyu udan sing luber ngebaki dalan,
sawah, lan kali-kali, uga bengawan


Comments