Tugas Dongeng

Dumadine Sendang Biru
dening: Duri Handoyo Iman Teguh Hadi Waluyo

Kocap kacarita ana sawijining dina, ana putri naga kang njelma dadi manungsa amarga sang putri naga duwe kepenginan bisa kapundhut garwa dening manungsa. Mula matur marang bapane supaya bisa malihake wujude dadi manungsa. 

"Bapa, punapa saged wujud kula punika dipun dadosaken wujud manungsa?" ature putri naga marang ramane.
"Bisa, ndhuk anakku. Ananging kanggo apa? Pitakone ramane.
"Kula punika gadhah pangajeng-ajeng supados saged kapundhut garwa dening manungsa. Menawi manungsa sumerap wujud kula menika mestinipun ajrih" ature maneh."Mila saking punika kula nyuwun supados wujud kula menika saged malih dados manungsa".
"Yen, kaya mangkono kekarepanmu, kowe kudu laku tapa brata sepuluh purnama suwene ana ing segara kidul. Sasuwene kowe laku tapa brata, kowe ora kena mangan lan obah. Apa kowe sanggup? pitakone ramane maneh.
"Inggih, Bapa. Kula sagah nglampahi tapa brata ngantos sedasa sasi tanpa nedha lan obah." wangsulane putri naga.
"Ananging ndhuk anakku, elingana yen kelakon kowe dadi garwane manungsa lan nglairake anake manungsa, wujudmu bakal bali dadi naga maneh lan ora bisa malih dadi naga." pungkase ramane.
"Inggih, Bapa. Kula mangertos lan kula sampun mantep badhe nglampahi tapa brata."

Sawise sepuluh sasi kelakon putri naga manjalma dadi manungsa lan badane kaseret ombake segara kidul menyang ing pesisir. Pasuryane ayu banget kaya dene putri kraton. Lakune kaya dene macan luwe, lembehane blarak semplah, alise wulan nanggal sepisan. Yen guneman, swarane alus kaya wedhak bayi. Ananging badane durung kabungkus dening busana babar salembar. 

Kepener ana sawijine satriya anom kang gagah prakosa lan uga gagah pideksa kang lagi golek iwak ing sapinggire pesisir. Sang satria weruh ana blegere manungsa kang gumletak tanpa busana, nuli nyopot jarike kang semampir ana ing pundhake kanggo nutupi salirane putri naga lan dientasake menyeang ing pamondhokane. Sawise sang putri naga tangi, banjur diakone dening satria mau.

"Sejatine sampeyan iki sapa lan saka ngendi?" pitakone sang satria"
"Dalem punika tiyang lola ingkang kaseret ombak ngatos dugi mriki." wangsulane sang putri.
"Dadi omahmu ing ngendi? Payo dak aterke mulih"
"Kula boten gadhah papan padunungan, kula lelana saking pundi-pundi lan boten ngertos badhe dhateng pundi."
"Yen mangkono, sliramu manggena ana ing kene wae. Yen gelem sliramu arep dak pundhut dadi garwaku. apa sliramu gelem?" pitakone sang satriya.
"Kula ndherek kersa panjenengan kemawon, menawi panjenegan ngersakaken kula daos garwa, kula sagah"

Wusanane, satriya lan putri naga duwe anak lan diparingi jeneng Jaka Taruna. Sawise nglairake Jaka Taruna, putri naga malih wujud dadi naga maneh. Sedhih atine putri naga banjur nangis ora kena mandheg nganti luhe luber lan dadi segara. Dene dheweke sumpah bakal tapa brata nganti salawase supaya bisa dadi manungsa maneh. Ananging nganti tumekan saiki awake putri naga dadi pulo Sempu lan luhe dadi pesisir sing aran Sendhang Biru, manggon ing tlatah Sumbermanjing Wetan Kabupaten Malang.

Comments